Kyeh nembe pisan kala, nyong nulis nganggo bahasa Tegal. Dudu moni apa-apa. Kyeh pan nyampekna sesuatu sing jare aku penting. Dadi ngene critane. Pirang wulan wingi kweh, ana ide saka sakumpulan bocah sing pengen nggawe komunitas wong Tegal sekitare ning dunia maya. Awale ya cuma ide. Terus dicoba diwujudna. Ana siji loro sing gabung. Alhamdulillah sampe saiki wis lumayan sing melu. Ning data forume, wis ana 317 member sing gabung. Sing aktif ya isih secuil sih. Ora nganti 30-an sing bener-bener aktif ning forum sing arane TCC kiye.
Arane be forum anyar, jumlah sing secuil kuwe ya wajar lah. Nah, tulisan kiye salah siji fungsine juga nggo promosikna forum kuwe. Dewek (aku termasuk administratore) ora pan maksakna nggo nggabung. Apa maning nggo melu ngramekna diskusi ning kono. Biasane sing dipaksa-paksa kuwe belih enak. Wong arane sing ora metu saka ati ya, pasti separo-paro.
Nah, forum kiye wis ngadakna sing arane “Muktamar I”. Ana 22 wong sing teka. Janjian ketemu awale ning gerbang kulon Balai Kota. Tapi akhire pindah. Soale udan gerimis. Ning kono bisa klebes kabeh. Ora lucu lah pan rapat penting masa udan-udanan. Kan wagu oh, wis gede ka udan-udanan, ngko dikirani wis kentir oh. Hahaha… Nah, akhire panggonane pindah maring gedung DPRD lawas, pinggire kantor polisi. Ning kono ternyata ana hotspote. Cepet maning. Saka umbrusan bareng ning kono, akhire terbentuklah pengurus cilik. Ana telung divisi; maintenance, promosi, karo pendanaan. TCC wis nduwe kaos. Kerene por. Ana maning stiker. Ya ora kalah pentole. Hahaha…
Nah, sing durung pada nggabung ning forum kiye, aja sungkan nggabung. Ora usah isin. Apa maning tutupan ember trus mlaku-mlaku ning alun-alun. Jaba ora diguyu apa dibalangi, ya berarti kowen hebate por. Hahaha… Kyeh carane:
1. Buka website-e, http://tegalcyber.org
2. Bar kuwe, klik register.
3. Bar kuwe, diisi datane sing mbener. Ben ngko bisa dipertanggungjawabna isi postingane kowen pada.
4. Nah, bar wis di-submit, nunggu di-approve saka sutimin (administrator) atawa sudarmo (super moderator)
5. Jaba wis disetujui, kowen nembe bisa nggabung nganggo data sing mau diisikna.
Forum kiye isih dikembangna. Jaba ana kurang-kurange setitik mbuh apa, mohon dimaklumi karo dimein idene kowen pada ben bisa luwih apik. Aja klalen kancane dijaki ben pada melu. Jaba dudu dewek, sapa maning lhen sing pan mbangun Tegal??
enyong melu ahhh. cek tkp. btw aku melu tuker blogroll mas:
http://budiografi.wordpress.com matur tengkyuuu
monggoh kang budi. wis tak gawe link maring blogmu ning kene 😀
hahahaha
saya mau ikutan comment disini ah…
lanjut pak!!
:moci:
wew..udah gabung mz.
salam kenal neh mz. panggil mz apa ya?
saya adik kelas mz dari Sd sampai SMa haha…sekarang saya di undip.
Monggoh kerso mz dateng ke blog saya…jangan lupa komentarrnya ya mz…
salam kenal kang gagat.
panggil afif aja. biasa dipanggil itu 😀
insya Allah ntar maen ke blog gagat. komentar juga 😀
suwun sudah maen ke sini 😀
Bagus…basa tegal memang perlu dilestarikan, salah sijine ya lewat forum kaya kuwe,,,
iya kang ponsel. suwun respone. melu ngggabung forum kuwe ya kang… 😀
LAPOR PAK !!!
(setor rai.hehehe…)
senang nya ada perkumpulan orang tegal
akhirnya kita dapat berkumpul
assalamu’alaikum wr wb.
mantep… salam kenal kanggo kabeh. tegal is the best !!!
@dimas: sip kang dimas. raine nt tak trima kyeh 😀
@laylie: alhamdulillah…
@asep: wa’alaikumsalam wr wb…
@agung: salam kenal juga kang… tegal is the best, and others also 😀
assalamualaikum…..
nyong langsung mesam-mesem maca prolog web kiye. wis suwe ora ketemu wong tegal, embuh priben critane, kadang wong tegal sing tak jak ngobrol, bahasane wis ora tegalan maning. dadine ora nyeni babar blas….
terus terang nyong pegin ora mung dong BADA tok ketemu wong tegal… aning bisa saben dina, eben bisa mbagun tegal juga…..
wis aq pengin gabung, priben carane ya…..???kabari.
nebeng promosi, nyong adol busa, neng web… buka ya…
wa’alaikumsalam wr wb
hahaha, aja mesam-mesem dewek kang. ngko dikira wis kentir nt!! 😀
gampang kang, buka bae http://tegalcyber.org
jaba isih bingung, buka kiye bae kang https://akhdaafif.wordpress.com/2010/03/24/nggo-majune-tegal
sukses nggo bisnise kang 😀
nyong melu owh…
Fif, pie kabare? YM ku wis di app durung? App ya… Ngomong2, nek kanca2 pan nggawe email google 1GB (username@wongtegal.net) monggo maring TKP, http://wongtegal.net Matursuwun…
wis diapprove kang. aku karo kanca2 wis gawe email ng @tegalcyber.org. monggoh gabung ng kono bae kang 😀
ak melu olih ora..???
waduuuhhhh aku ketinggalan kie ya……..
aku daftar oooo…… oleh ra ????
suwun giiiihhh
melu gabung ahhh