Kiye gawean pantun karo puisi saka postingan sing ana ning TCC,
Dan karya-karya liyane, bisa ditemoni ning forume wong tegal, www.tegalcyber.org ^_^
gaweane cah_nglangsa
Brebes tegal slawi
Teles klebes dilakoni
Brebes tegal slawi
Udan deres diparani
Brebes tegal slawi
Demi cinta ditelponi
Telpone mati lewat radio ya disalami..
Dasar demenan tarok-tarokan
Priben carane ketemu adep-adepan
Dasar demenan tarok-tarokan
Saben dinane kepengin senggol-senggolan
gaweane masindra
Wingi-wingi weruh kanguru..
Buntute diplintir matane mecece…
Wengi-wengi kangelan turu….
Aja kwatir rame jakwir ning TeCeCe…
gaweane Jaka Tarub
tuku ayam neng pasar benjaran
aja klalen tuku bawang
iki pantun asal-asalan
sing penting bisa melu postingan
gaweane laksonoadi
sore teka wayahe golet kupat
ning pasar pagi anane ponggol
jare sapa ngepost e telat
neng page siji sing penting nyong nongol
gaweane min-hime
golet duren golet jambu mete
ora pan tuku kur ndeleng tok
suasana sepi dadi rame
yen ana sutimin kiye melu2 ndopok
gaweane arief_kue_lilie
golet klepon tekan alaska
emang Tegal laka laka
ana mendung tinggal udane
emang wong tegal laka padane
gaweane kang hitam putih
um apip dodolan khamir
balik seka gurun pasir
eeeh bocah2 pada minggir
timin liwat rai ne suker
gaweane aku :ngikik:
tuku uyah ning pasar jumat
eh jebule nambah tuku sepatu
yuh bocah pada semangat
mbangun tegal nggo anak putu
Wah Inyong pernah krungu lagu tegalane kuwi
Semangat nemen karo Tegal. Eh mas, blogku melu di list neng link blog dong… Smansa 2006.
@andi: yaul kang, pernah ana sing nembangna 😀
@ariefudin: ya kudu semangat oh… 🙂 okeh kang, wis di-link. gantian ya 😀
pantune kocak-kocak, tegal nemen. Blag-blagan! hahahahah
puisine apip sing endi donge?
obat stres y tegalan
kang mas,mbayu……..
*ndi maning kretife…..
Pengen weruh maning
Tuku beras kanggo liwet
Awake waras dompete ya mlepet
mayanlh pantun.e daripda laka .. . hehehe gluwean lh. tp emang apik sih.. . ayo pada gawe pantun puisi karo sg liane. mbokan enko pak presiden ngadakna lomba pantun daerah kn uis pada siap.. .
. hhehe