Assalamu’alaikum kang/yu…
Dalam rangka luwih nggencarna promosi TCC maring seantero Tegal, Indonesia, karo dunia, nyong nggawe rong slide kyeh. Tujuane nggo mein ngerti penjelasan maring wong Tegal kabeh. Ora terbatas sing wis gabung ning forum. Soale memang tujuane dewek mein pemahaman karo informasi detail ben pada gelem daptar karo melu ndopok ning forum kiye.
File kiye wis tak doloh ning file sharing. Monggoh dijukut karo diinformasikna maring kanca-kancane njenengan kabeh, nggo media apa bae. Facebook bisa. Ning milis juga bisa. Pan ngetik nggo sms ya urapapa. Ben langsung pada download, diwaca, trus bisa disebarna seantero Tegal, Indonesia karo dunia. Tinggal copy-paste maring komputer apa liyane. Promosi TCC dadi luwih cepet.
Tak gawe pirang-pirang tipe file. Monggo didownload bae sesuai butuhe. Soale ukuran file-e gede kang/yu. Melas komputere njenengan ngko ngik-ngikan jaba ora kuat, hehehe :dame:
1. TCC – Sekapur Sirih
Isine penjelasan singkat tentang TCC. Arane nggo kenalan maring wong anyar.
Tipe Power Point 2010
Tipe Power Point 2007
Tipe Power Point 2003
Tipe PDF
2. TCC – Manual Forum
Isine tentang cara-cara nggo menggunakan TCC. Sing fungsi2-fungsi dasar ndisit sebagai member.
Tipe Power Point 2010
Tipe Power Point 2007
Tipe Power Point 2003
Tipe PDF
Salam moci karo ndopok!!!
Jaba dudu dewek, sapa maning lhen sing mbangun Tegal??
Lah kayongggg. nampake ur life is all about tcc :ngacir: